Sing jeneng nang SPK, mbok umurane pas umuran ABG ( Anu Bocah Gemblung ), jere mbah Google umur – umur kuwe pas lagi pencarian jatidiri, dadi apabae dijajal.
Aku ana crita sedulur, mbiyen dina Minggu aku bali maning maring asrama, wong preine wis entong. Semenone aku ngger ora salah ketemu karo kaki kebo, kaki gundul, kaki gembel nang Margono. Mau nang ngarep wis dicritakna nek sekolah nang SPK kuwe pas umur apa – apa kepengin ngerti. Dadi inyong kepapat sepakat, jere nang Sokaraja ana inuman sing madan seger, inuman pendengan alias gepengan. Aku karo kaki kebo meluncur maring Sokaraja, liyane ngenteni nang margono. Tek ubhek – ubhek kabehan ora ketemu, nganti sikile teklok. Akhire daripada ora olih, tukune ciu.
Tapi lagi madan mujur, ndilalah nang pos satpam rame bocah lagi padha laporan, dadi aku karo bocahan rangkulan bae nylonong liwat ngarep pos satpam. Ndilalah ana sing komentar :”kuwe deneng rangkulan, akrab temen”. Karo sante njawab :”sing jeneng warga SPK kudu njaga kekeluargaan, dadi ngger rangkulan kuwe dadi tambah akrab”. Nggole njawab asal bae, wong ndase wis bengel banget nganti arep pecah.
Tekan kamar, saking bengele inyong langsung mlumpat maring bed alias tempat tidur, pancen lagi sial. Udu ditampani kasur empuk, tapi ditampani tembok jejer kasur. Tambah bengel banget.
Bengele bisa nganti telung dina. Bengel sebab ciu ora sepiraha. Tapi sebab ngancab tembok kuwe sing jan, seporete. Sial... sial...
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...
0 comments:
Post a Comment