Anu wis biasa nek bar maghriban (nek sing biasa sembayang-red) trus pada maem. Bar maem karo leyeh2 ngisor pemean ASPA perek kamar mandi kulon, we ora mantep nek ora karo udud, cangkem rasane kecut nek urung klebon kukus. Lah lagi asik2e udud karo kanca geng, kang kadohan keton ana wong sing mereki, wong peteng sing keton mung awake sing gede duwur.
Njur ana sing ngomong " bapak asrama-bapak asrama....!! " Sakit kaget karo panike bocahan pada mlayu termasuk nyong. Dengan sigap bagai prajurit nyong mlayu maring kamar rolas, terus ethok2e turu karo de slimuti rapet. Ndilalah sing de udag koh nyong thok, trus takon kang pintu kamar karo nglogog " We sapa yah sing mlebu kamar..?!" Nyong semaur " Kula pak, Tatang...". "Oooh kowe, ya uis ra papa, mbok si maling" wonge nimbali. Jyaaann...Whuasheeemm.... uis pucet, panik, wedi setengah mati ndarani bapak asrama jebule Pak Sarman sing arep ngontrol asrama. Alhamdulillah ora di skors maning...
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Tatang-17
0 comments:
Post a Comment