----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

OUTDOOR part 1: WIDARA PAYUNG

Wektu semono esih padha gemagusan, senengane padha kemping, gawa kompor parafin, nggawa tenda (ra ketang nyilih tenda pramuka), sangune mie instan.
Kayane nek ra salah pas kedadean kuwe gemiyen karo bandot, trikur, banteng, nyonk trus sp maning ya????...madan kelalen kyeh!
Dinane sabtu, rencana arep nginep neng pinggir PIW (pante indah widara payung)...numpak bis tekan kroya (stasiun apa ya?), tekane jam 3 sore.

Lha mbuh priwe ganu, apa nu danane minim ya?, jan sidane mlaku tekan pante...padahal adoeh poll!! ora lumrah mbok!!!.
Wis kaya bocah ilang, mlaku nurut dalan nggawa tas gede2, jan kaya gelandangan temenan.
Ujarku ya pantene cedek, mung sejam mlaku...ora ngertia start kang stasiun jam 3 sorean, nggole tekan PIW nek ra salah bar sholat isya, pirang jam jal???...mbok lempoh gole mlaku.
Apa maning jaman semono dalane sepi, peteng, aspale mbuh, langka sing liwat, angkudes be ora ana.

Tekan PIW, langsung padha mangan gawe mie rebus, ngedegna tenda...nyong langsung turu...ngleder!!
Jere sing liyane sih padha weruh apa krungu wong pacaran sing ra nggenah...jenenge be pantai, peteng, wis cocog!!...mung gelane koh ya ora nggawa wadonan...
Ngesuke ya kaya kuwe maning, baline aring kroya mlaku, ngosi gempor sikil karo kempole...ketambahan kudanen maning...jan nlangsa pisan...nek siki kon kaya kuwe tah, bebeh!!!!!!.

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by PROFESOR-18

0 comments:

Post a Comment