----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

TEMPAT BERTEMUNYA SEGALA RASA

Ora krasa dulur...wis taunan ora ketemu rika-rika padha...bathir sing miyen ngrasakna urip bareng neng asrama espeka praketha...
Rasa seneng...susah...isin...wirang...sing miyen campur aduk dadi siji...dadi kenangan sing bener-bener tak terlupakan...
Tapi tenang bae dulur-dulurku...ngesuk awake dhewek bakal ketemuan maning neng Acara Puncak Reuni Akbar...bisa ngeplongna kabeh rasa kuwe mau...
Mbok padha penasaran...kyeh ana poto-poto panggonan sing nggo srana ketemuan...istilah gaul-e ya "Tempat Kencan"...hahahahaha


Aja padha kesasar ya...plang-e...

Sing nduwe hobi mancing...aja mung seneng nyolong iwak neng asrama

jajal ngger miyen asrama ana nggon kaya kiye, mesti pada rebutan nggon mojok...hahaha

sing garep nggawa anak...kolam seprosotaneh

dibandingna taman wetan margono...apik kiye mayan-mayan!

montor sing ora bakal marakna kecemplung kali...hahaha

nek arep ciblon ya ana nggone kiyeh

nek wani aja wedi-wedi...nek wedi aja wani-wani

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

PANITIA

0 comments:

Post a Comment