----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

IDE DASAR

Kawit mbiyen bar lulusan kayane mung siji loro kanca asrama sing esih bisa bareng runtang runtung nganti siki. Tapi sing akeh ya padha ting mbesasat mring ngendi ora. Ana sing ngoyok oyok karir karo pendidikan. Ana sing ngoleti duwit bae. Ana sing sibuk ngincer anake bupatine nggo dibojo. Ya... mbuh bupati ngendi, bupati kethoprak ndean.

Kuwe kabeh mau sah sah bae wong nyatane nggo masa depan. Nggo sangu anak putu kon aja pada nganti kapiran, aja nganti kalah karo kanca batir, ben aja isin. Jere cukup rama biyunge bae sing ndase nggo sikil, sikile nggo ndas bot-bote nggo ngempani keluarga.


Lha sekang dasar kuwe kayane perlu dianakna reuni nggo ngenang masa masa “kemlithakan” nang asrama mbiyen. Ben kabeh sing pada mider kenger mbuh nggoleti apa bisa pada ketemuan maning, gurisan maning, dhopokan maning. Sing penting aja pada jotosan karo aja ijolan bojo.

Nganggo sarana reunian kiye juga padha bisa tuker pengalaman, tuker kepintaran karo mbok bisa juga tuker informasi masalah pegawean, masalah kepriwe carane gawe anak juga bisa. Pokoke sedingah dingaeh rika.

Mulane mangga sedulur kabeh, melu nyengkuyung anane reunian kiye. Basa indonesiane ya berpartisipasi. Padha teka ngajek anak bojo. Mbok padha dene kangen???

Tapi welinge panitia, Ongko ngger pada teka mring reunian ya aja padha naik-nyekan, terutama sing masalah pribadi. Sing wis dadi wong ya aja gemagus, sing esih dadi lutung ya aja minder. Kabeh kuwe sedulur, wong mbiyen tau urip bareng nang asrama mbok? Setuju ora?

0 comments:

Post a Comment