Nyatane bocah SPK gemiyen akeh sing kemlithak (kecuali inyong sing wis ditakdirna kon ngalim). Ana bae sing dipamernya. Salah sijine ana sing pamer jere tukang mendem, apa bae inuman wis dijajal. Tapi jere inuman sing paling disenengi bir, sebab rasane legi kecut. Senajan inyong nang pengajian ora tau medang bir, tapi inyong ngerti ngger bir kuwe rasane njeleih.
Sekang rasa penasarane, inyong prentah bocaeh kon nggolet bir nang Kebon dalem. Bocaeh langsung gipyak mangkat. Bali kang Bondalem bocaeh ketemu inyong. Jere aja tuku bir, kurang jozz, arak bae sing lewih nggliyengi. Inyonk langsung gipyak marani maring Kebondalem arep tak tuku arake. Bareng tekan nggone, jebulane arak nggo masak. O....alahh... kiye arep mendem apa arep gawe gudheg.
Bareng tak pikir – pikir wektu kuwe, ternyata bocaeh seliyane sekolah nang SPK juga nyambi dodol Rinso. Dadi inyong ya bisa maklum.
Ngger sing rumangsa ya sorry bos!!! Inyong crita apa anane. moga moga ya siki wis ora kaya kuwe, ngger pancen arep ndukung reuni, ya gageyan.... nyumbang sing akeh. Aja kaya mbiyen, dodolan Rinso alias bakul umpruxs (whahahaha.... sepisan maning, sorry banget bos!! Aku crita apa anane)
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...
0 comments:
Post a Comment