Jamane gemiyen pas arep ujian akhir bocahan gole sinau jan sregep pisan. sing paling akeh biasane nang nggone aula. Lha kan anu kursine wis pada ditata arep nggo ujian. nah pas kuwe aku sinau bareng karo sapa ya????? (kelalen koh...), ana bocah aspine juga ( nek ra salah elis...)
Nah,jane kan anu wis pada ngantuk,anu sedurunge wis pada melek ana pirang2 ndina. Ana sijine bocah turu karo sangga uang (sing krasa ngapunten nggih), nek mung turu tok sih ra papa tapi jan disambi ngiler kowh.....ngilere maning ra tanggung2...ora nggrambyang kaya banyu, tp jan munggah mudun nuruti ambeghan...jyan!!!! aku nembe tau weruh sing kaya kuwe,antik pisan. nganti aku ora sida ngantuk gara2 ngguyu kepingkelen...piss.
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Bandhot-18
0 comments:
Post a Comment