----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

KECEMPLUNG KALI

Gemiyen mbuh pas ana acara apa nang nggune gundul karo elis (kayane pas mbojo lho..), kan pada nganah (rombongan kebun binatang..amit nggih).....ana akeh pisan, tapi sing gumun nggule mangkat pada numpak motor, hebat mbok...kewan pada theyeng numpak pit motor.

Nah, pas mbuh kepriwe, aku motoran karo kang warax, ipul (kemutane kuwe sih). Ndilalah kersane Gusti Pengeran ana helm siji kecemplung kali tapi esih nang pinggiran...kang warax sing kerasa dadi ksatria baja hitam pembela kebeneran karepe njimot nang pinggiran, eh...kersane Gusti Allah maning, malah kepleset mak blungh!!...lha pikirku mung cetek, jebul sedada. Jannn...aku jane melas pisan tapi ora teyeng nahan ngguyu tekan bali nggune gundul karo elis...(piss ya kang)

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Bandhot-18

0 comments:

Post a Comment