----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

RONDA ASRAMA

Wis akeh lapuran,akeh kumbahan aspi cok pada ilang..khususe barang jeroane wong wadon, nguri -nguri masalah mau Pak Ilham nduweni Program Rondha bersama...petugas jaga malem plus bocah aspa (ngerti mboks artine aspa..gething nyong kon njelasna!...malem jemuwah wage kuwe..aku, Jontorh (cah Banjar) trus Leonarjo Guplo(cah mrebet) pokoke bocah sanga ( 9 ) petugas pikete kaki Sarman, karo sayidi (ndean..mandan klalenh si...)trus jono.

Sewengi mider -mider nang aspa, dapur, aula..r uang guru... lah meng aspine kapan?mbatinku, soale semonone aku lagI kasmaran karo Bocah banjarnegara, ndilalah kamare aku mandan ra apal, khan ngiras irus..ronda, sisan nglongok kayangapa ngger nganggo daster..hihihihihi, singkat cerita.. bocah sanga, wes ra kanthi...pada pating mbesasat ngincer kamare gacoane dewek dewek, gilirane nyong, Guplo trus Wartim...kembang tembeleks nu guli njukut ngarepan ruang guru karo kertas sewekan sepetit sing isine puwisi, niate rep tek balangna liwat bolongan nduwur jendela.... ngintip turut siji kamar, butul pojokan kayane..kieh ndean tim... omongku karo Wartim...trus cah telu punggi punggian(aku nduwur dewek kweh!) kembang karo puwisi-ne tek balangna...beerrr,k lothaks!! trus ana sing nyuwara...SAPA kuweh!! (rep semaur kuchiiing..mbok ra nggandel )aku spontan semaur WARTIIIM,,,Wartim kesuh ra lumrah melu nyaut DAKRIE jukuns...sing hora lumrah tuli si narjo malah ngomong apa anane..KIE GATOT, AMIR trus JONTOR JUKUNZ..!! (diamputhss kae bocah mbantinku) kamar kue jebule kamare mbekayu kelas sing pada cindungan rapeth...!! mulane sih sejen suarane... wengi kue ASPI geger moerrr... jere ana maling mlebu aspi, bocah sanga ngeciputh.. mlayu nggoleth slamet dewek-dewek... whuahahahaha niat rundha malah darani Malinge sisan....!! ngesuke...metu berita "PANITIA SEMBILAN PELOPOR MLUMPAT TEMBOKS ASRAMA PUTRI" ...whuahahahaha, ngesukeh... ronda hora danakna maning!! Kawuss.

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by G-THONK-16

0 comments:

Post a Comment