----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

THANK'S PAK KYAI

Sing jeneng nang SPK kuwe ora gur diwaraih masalah kesehatan thok. Termasuk pelajaran masalah agama juga diwaraih. Pengajian rutin ora tau lat mesti dianakna. Kyaine ora baen-baen ngundang sekang Depag Kabupaten Banyumas. Lha kuwe salah siji sing dadi favorite inyong urip nang SPK. Inyong sing maune urung ngerti Alif bengkong acan, ya semending mending dadi bisa maca Qur’an.

Salah siji sing dadi favorite inyong, jenenge Kyai Muhibin Lc. (asli Lulusan Cairo). Ora ketang lagi madan rumab, ngger pengajiane diisi nang kyai Muhibin, inyong mesti mangkat. Malah biasane melu njemput maring umaeh mbarangan. Nek ora salah umaeh nang Bancarkembar.

Mbiyen Kyai Muhibin kuwe ana sing antik, pokoke ngger lagi mulang ngaji wedange kudu Indocafe caffemic. Pokoke ngger ora medang caffemic suka ora medang apa-apa sisan.

Mbiyen salah siji wulangan sing inyong kemutan kemutan nganti siki, ngger wong lanang nganggo kathok kuwe kudu senduwure entho-entho utawa mata kaki. Jan-jane apik banget kuwe, nggo njaga kebersihan kathok.

Kuwe sing dadi inspirasine inyong nganti siki. Siki aku sing sering ngger medang ya nganggo Indocafe caffemic. Ben gayane kaya Kyai. Trus ngger lagi nyruput kopine biasane aku ya terus kemutan niliki entho-enthone keton apa ora.

Seora-orane senajan aku ilmune urung kaya kyai tapi gayane kan wis kaya kyai, medang indocafe, jenggote dawane rongsenti. Ngger lagi medang trus niliki kathok, sesuai syariah apa ora. Sapa ngerti jalaran kemutan niliki kathok terus kemutan liyane, kemutan sholat, kemutan sodaqoh... ya mbok sedulur.

Lha lewat tulisan kiye aku juga kirim salam kanggo kanca – kanca seperjuangan pas pengajian nang SPK mbiyen... WHAT’S UP BRO??

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX

0 comments:

Post a Comment