Pas sore sore ana ayam mlebu asrama. Dasar bocah asrama... ayam mau banjur digibang2 terus dicekel. gari bingung arep disimpen nang endi??? Eh ndilalah nang dapur ana kulkas bekas.....trus ayame dilebokna kulkas. untunge ayame ra mati????
pas mbengi-mbengi ayam kuwe banjur disembeleh nang nduwur wc. men getieh ra mambrah2. trus wulune diwadhaih tas kresek dibalangna tempat sampah... Berhubung langka suluh kepeksane njukut ngisoran bed nggo mbakar.... akhire padha lek2an sambil makan ayam bakar ...sedap..sedap..sedap...
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by WAR
0 comments:
Post a Comment