Jaman gemiyen urip neng asrama jarene rekasa banget...arep kaya kiye ora ulih, arep kaya kuwe ora ulih, lunga metu be dibatesi jam semene kudu wis ngandang...
Nganti urusan mangan melu dibatesi...wis mung sethitik thok, kaya kuwe kadang isih kon ngrasakna jangan kangkung rasa pentil...mangsude nek de'cokot wuled.
Siale maning...
ngger pas lagi praktek dines sore, bali sekang margono wis kesel karo kencot, tekan asrama mung ana sega lawuh iwak sapi sethemil karo krupuk mlempem tambah jangan bening dudueh thok...ngenes pisan...
Tapi wong nek urip neng asrama kudu nduwe jiwa kewan (asrama=kebon binatang), ngger lagi kepepet masalah mangan trus kaya kewan mbladas-mbladas...jan jan...
Ana sing ngemet gandul terus digodog, mlumpat pager lunga maring warung, gerilya sarimi neng lemari dikremus dadi siji neng termos trus padha rayahan, nggoreng sega lewihan bumbune mung uyah thok, nggasak iwak nang sebelah'e mr.sarman, ngembat ayam dhuweke gurune trus dibakar...pokoke ana bae polah'e nggo nuruti cacing neng njero weteng nek lagi kemruyuk...
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by ANT-G
0 comments:
Post a Comment