Kebangetan banget...
Wong genah lagi musim udan, lemaeh be.. nganti benyek banget, jenggot prentah inyong kon nyirami wit boled sing nang ngarep kamar. Sing lewih kebangetan maning, nyiramine ngger mbengi, Adzan Shubuh kudu wis rampung.
Kebangetan banget...
Ngger mangan kudu nang ruang makan, jere kudu sesuai teori, ngger ngeplok sega kudu dikruyuk ping 30. Nganti cangkeme meniren, seplokan urung rampung nggole ngruyuk.
Kebangetan banget...
Jere kudu wajib kenal karo kakang kelas, tapi ngger arep kenalan dikerjani disit, ana kon nyapu, kon gepel, kon mijeti nganti ana sing kon ndikepi lemud aja nganti mati lemude.
Kebangetan banget...
Ngger wegi lagi latihan upacara, jan... nggole nggentak – nggentak sekarepe dewek. Malah nganti ana sing digentak semaput. Kuwe anu kaget apa ora tahan mambu ababe sing nggentak?
Kebangetan banget...
Ngger esuk – esuk pas pelajaran, sing akeh mesti padha ngleder turu, malah nganti ana sing ngiler. Sebab wengine wis dikerjani kakang kelase nganti ora bisa turu.
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX
0 comments:
Post a Comment