Pak Padi, pengawas asrama anyar, wonge jan sopane polll....!!! gelem mlayu mlayu nang lapangan basket karo bocahan (sebab anu disindiri terus nang bocahan)
Nyatane wong pengawas asrama, kamar mandine ya... bebeh barengan karo bocahan. Maksude tuku gembok, nggo nggembok kamar mandi siji, kon aja bareng karo bocahan.
Akhire bocahan madan murina/jengkel salah siji kamar mandine digembok. Nyatane ngger esuk kamar mandine ngantrine polll...!!! apamaning genah kaya Gonyez ngger adus suwe banget. Gembel senajan ora tau adus, gur raup thok, tapi ngger ngising kaya ngising watu, ora kena nggo gentenan (Sorry bos, aja kesinggung).
Kasus maning... kasus maning, nganti arep mangkat Margono dikumpulnya disit kon nginum banyu jere kang dukun, kon pelakune ngaku.
Ben bae kasus kuwe dadi misteri nganti siki! Ora usah diungkap nggo kenangan, sebab ngger diungkap ngko bisa heboh ngungkuli kasus Ariel karo Luna Maya he.. he..
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...
0 comments:
Post a Comment