----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

KEBON BINATANG

Wektu kuwe jere arep ana kunjungan sekang Kanwil Semarang. Dadi bocahan kon padha bersih – bersih kone pengawas asrama sing wektu kuwe esih anyar.

Pengawas asramane nek ora salah jenenge bu Ruti karo bu Wiji kuwe “Visit” maring asrama bocah lanang nggo ngontrol kesiapan, sebab kiye kunjungan wong penting.

Kamar lanang jeneng kamare nganggo angka 1 tekan 13. Kabeh kamar dicek nang pengawas asrama.

Bareng dicek, pengawas asrama komentar karo madan jengkel : ”Kiye asrama apa kebon binatang?”. Senajan tersinggung bocahan padha meneng bae wong nyatane kamare pating besasat morak marik ora nggenah.

Bareng esuke pas kunjungan sekang Kanwil, gari Pegawai kanwile sing jengkel. Jere kudu digolet sapa provokator. Pegawai kanwil jengkel sebab jeneng kamare diganti udu nganggo angka tapi nganggo jeneng: kandang macan, kandang singa lan sebanjure. Persis kaya kebon binatang.

Kaya kuwe bocahan sing salah...??? ya mbuh... sing jelas akhire pengawas asrama gelem njaluk ngapura mring bocahan. (Ngapunten bu Ruti, bu Wiji niki crita nopo wontene)

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX 

0 comments:

Post a Comment