Wis mangkate telat, ora sempat adus alias raup thok. Esih kudu upacara bendera senenan maning. Trus Jenderal alias Inspektur Upacarane pak Ilham sisan, jan bener – bener sial...
Lewih sial maning bareng tekan lapangan upacara, barise bareng karo bangsa kewan. Ana Kebo, Warak, Bandot, Gembel, lan liya iyane (Sorry bos, aja kesinggung).
Tapi pancen wis dadi kewajiban, ya.. tetep kudu melu upacara bae. Wong dasare wis lagi males, dadi nggole melu upacara ora konsentrasi, alias gurisan dewek. Apamaning barise karo bangsa kewan, jan... ana bae sing usil, nganti blas koas ora krungu wejangan pak Ilham dong pas lagi amanat Inspektur Upacara.
Ujarku arep diwei duit (ora mungkin...!!!!), bubar upacara bocahan sing diomongi pak Ilham pada maring tengah lapangan. Jebulane malah diukum kon nembang lagu “Padamu Negeri”.
Jan mbuh ngimpi apa inyong sewengi deneng sial temen....
Ora ketang pating blekhatit ya tetep nyanyi bae, dirijene kaki Warak. Ditonton bocah sesekolahan, pancen... pancen... bocah SPK.
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...
0 comments:
Post a Comment