----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

KENANGANE KAMAR 8

Jaman miyen pas esih anyaran mlebu spk/asrama, nyong kejatah neng kamar 8, barengane, bandot, gembel, sis, trikur, ikrom...pokoke katro-katro banget padha bocaeh...lha sebelaeh umah pak Ilham, sang kepala sekolah.


Nah, pak Ilham nduwe anak wadon, wektu semono kayane isih smp kelas siji mbuh kelas loro...tapi wis keton gedhe...mangsude bocaeh lho!!!
Jenenge baen bocah ndesa, ngakune lugu...weruh ana cewe' madan meling padha pathing plolor, ya ana bae polaeh nggo ngledeki si cewe' kuwe...ana sing reka2 munggah bed, nggule pethetan neng ngare jendela, ana sing mbaor-mbaor...pokoke asal bisa mliriki...ngapunten nggih pak Ilham...hehehe.

Sing digumunna maning, sing diledek ya ora kesuh, malah cari perhatian...gweh!!!...apa nu sadar ngger sing ngledek kewan jyah???
Dheweke ya nguja, nek pas arep mangkat sekolah nggole dandan neng cedek jendela...nek wayaeh arep mangkat sekolah wis padha rebutan...mung padha garep ngintip, lumayan...jere nggo vitamin A...aja maning sing jenenge sis, kae jan sregep pisan pokoke nek ngledeki...rekane ngledeki adhine tapi karo ngledeki mbekayune...jan jan...padha kewanen kowh...kuwe anake pak kepala sekolah!!!!

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by PROFESOR-18

0 comments:

Post a Comment