----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

JUMAT-AN

Para sedulur, aku arep melu crita...aku kan jaman ganu ya termasuk muslim sing taat ibadah...masalah ibadah kuwe salah sijine jum'atan. Jan sing jenenge dina jumat tak tunggu kambi kanca-kanca sesama ikhwan, tak sebut bae, gundul, warak...kuwe sing sering, liyane jane ya akeh tapi gantian.

Pokoke kapan dina jumat teka, jam 11 padha mangkat gasik dewek, pokomen kebo, gundul, warak, cah telu pada rangkulan akrab mangkat...begitu liwat pos satpam atine mak cess...ayem seneng berag, mlaku ngetan, mbarang liwat trobosan wetan TK, malah menggok kanan (pdhl mesjide kudune lenceng)...jebule sedulur, aku sekanca malah pada ngrungokna khotbah kang pinggir kali kambi udud-ududan...sruuuppuuutttt buuulllllllhhh...enake udud, semilir nang pinggir sawah...sredot maning lahhhh...buuullllssss...sruuuupppuuuuttttt...bullllll...lumayan nyrempeng gole udud bisa olih ana rong ler.

Bar kuwe kari mangkat neng mesjid, ngepasi sholat garep labuh...nu nguja men sholate nang njaba alias emperan mesjid, gen cangkeme aja kambon udud karo wong pegawene espeka...

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

0 comments:

Post a Comment