----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

SUBAHANALLAH INDAHNYA

Kiye crita tek mulai sekang jaman kelas siji ('96) nek ora salah...jamane pada sregep ngaji, ora ketang nang teras lokal A, ya pada sregep kumpul 'ngaji'...
Sing genah waktu semono diwaraih nek sebagai umat Islam kudu sering muji maring Gusti Allah kanti nyebut Asmane sing apik2, weruh kahanan sing apik, maene ya ngucap Subhanallah...

Lha, udu sih dadi karepe kaya bocah ndugal bangsane sing tukang ngintip, ngantek pada timbilen...jaman semeno sing jenenge bocah lugu dijak pada ngumpul nang ngisor jemuran ambi udud, ya gur celoden lambene weruh kakang kelas pada udud...

Wektu sore kuwe pas garep magrib liyane pada udud, aku karo bathir liyane sing nggatekna langit weruh matahari terbenam, soroteng langit jingga gumebyar apiiiike polll...jan langsung ngucap Subhanallah indahnya...!!
Ora ngertiya sebelah Aspa kulon cedek pemean kuwe kamar mandine Aspi, lha jebul ana sing agi adus!!...krungu ana swara kaya kuwe mau dadi runyam, jan dadi kabar sing ora patut maregna ati...Ana sing tukang ngintip karo nyebut Subhanallah indahnya !!
Laahhh, ya wong anu weruh Langit sore apike pol, malah dadi ndarani weruh aspi agi adus...ualahhhh...

Rame jan rame...dadi pomongan, isin aku, anu mau kan swaraku semangat nggole ngucap kalimat ajarane kakang kelas...malah bar-barane dadi diomeih...walah, mbok pada ngerti anu kuwe udu ngintip...mbarang diwenehi penjelasan ndisit mandan angrop, wis mangsud mbokan kakang mbekayu sing demen ngaji...
Pelajaran kanggo sapa bae, aja nuduh barang sing rung genah, gunakan azas praduga tak bersalah ya mbokan...

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Mbah Giyo-19

0 comments:

Post a Comment