----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

LOMPAT AMBEN

Ceritane kaya kiye...
Gemiyen ambene mbok tingkat ya...(nek nyong ora kelalen).
Nah, wong anu jenenge bocah spk petakilane ora lumrah...ora bisa nempatna maning turu apa melek.

Gyeh...sing krasa aja lara ati ya...anu mbuh kepriwe critane...mbuh lagi ngapa, wong turu nang amben nduwur ko bisa tiba...mak bugh!!!
Jan kebangetan pisan mbok...ya nek tibane nang kasur sing mandan empuk lha mendingan, wong anu nang mlester ya dadine tangane puthul.
Untunge bae ora putul kabeh, mung setitik tok...hehehehe...piss!!!!

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

0 comments:

Post a Comment