----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

SEMAPUT

Hahahaha...maap, durung crita wis ngguyu dhisit...masalaeh anu lucu pisan...mbok tekan seprene ngger kemutan dadi ngguyu. Wong bocah sekolah neng spk, bidange kesehatan...ya mbok! kudune ya sehat jiwa ragane.
Lha, nyong kemutan gemiyen wektu sekolah neng spk, wong anu kepengin sehat, dadine ya pada nduwe niat garep donor darah, kan lumayan kena nggo nguras getih sing isine alkohol karo nikotin...anu tukang mendem sih!

Wektu kuwe, nyong karo bocahan, nek ora salah ana bocah 4 mbuh 5 (madan kelalen), mangkat maring PMI, garep pada donor darah...
Nyong jan jane ya madan wedi, wong anu nembe sepisan kuwe...tapi ya gengsi ngger ora tau donor.

Tekan nggone neng PMI, pada ndaftar terus dijikoti getieh siji-siji. Pas gilirane nyong wis rampung, nyong dhomongi kon mangan mie karo ndogh diwedangi susu segelas. Nang ndapur PMI wis ana kancaku neng kono lagi mangan, akhire nyong melu mangan bareng...lha mbuh lagi kepriwe, ujug-ujug mak blugh!! nyong kaget...ora ngertia jebul kancaku wis krungkeb siraeh neng nduwur meja...jebule semaput!!!
Dhomong jahat ya ngonoh...akhire ditulungi karo pada ngguyu kepingkel-pingkel.
Sing krasa ya maap...tapi terus terang, tekan siki ngger kemutan cok ngguyu dhewek...jan jan.

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Seghanji

0 comments:

Post a Comment