Wektu jamane neng asrama, jaman sing sengsara tur priatin..arane bocah asrama, wetenge padha kaya baskom hawane madhan thok!!..aben jam kencot baen...
Angger bar olah raga,bocah2 pada kencoten ngalor-ngidul golet pangan,wektu semono sing dodolan mung nini sarman,adol mendoan kupat karo bakwan,regane satus seket perak angger ora salah...
Anu kabeh2 pada kencot wetenge, ya warunge nini sarman di serbu nang bocahan, antriane ora lumrah dawane, nganti setengah jam lewih nunggu nini sarman nggoreng bakwan...jyaann!!! ngantri mendoan dawane pol kaya lagi ngatri latung...
wektu kuwi ya ora pada isin, senajan mangane mung bakwan...
Siki wis pada dadi wong, wis pada ngode,tukune ya ora bakwan maning, pizza karo sejenise, jerene gengsi karo anak putu, mentang2 wis pada duwe kethip...
Siki bojone susah2 nganti kemringet, seesuk gawe bakwan, boro2 di cicipi, di lirik baen ora babar blas, aja pada kemlithak sedulur, kemutan jaman sengsara neng asrama mersi...
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by WONG DJAWA
0 comments:
Post a Comment