----MUMPUNG SEMPAT, KUDU DISEMPAT SEMPATNA----

MENDEM part2: BIR LEGI KECUT

Nyatane bocah SPK gemiyen akeh sing kemlithak (kecuali inyong sing wis ditakdirna kon ngalim). Ana bae sing dipamernya. Salah sijine ana sing pamer jere tukang mendem, apa bae inuman wis dijajal. Tapi jere inuman sing paling disenengi bir, sebab rasane legi kecut. Senajan inyong nang pengajian ora tau medang bir, tapi inyong ngerti ngger bir kuwe rasane njeleih.

Sekang rasa penasarane, inyong prentah bocaeh kon nggolet bir nang Kebon dalem. Bocaeh langsung gipyak mangkat. Bali kang Bondalem bocaeh ketemu inyong. Jere aja tuku bir, kurang jozz, arak bae sing lewih nggliyengi. Inyonk langsung gipyak marani maring Kebondalem arep tak tuku arake. Bareng tekan nggone, jebulane arak nggo masak. O....alahh... kiye arep mendem apa arep gawe gudheg.

Sekang rasa madan jengkel dadi inyong akhire tuku AP paro ngewang karo bocaeh. Paraeh maning, jebulane APne ya dibuang nang wc....oooo pancen!!!

Bareng tak pikir – pikir wektu kuwe, ternyata bocaeh seliyane sekolah nang SPK juga nyambi dodol Rinso. Dadi inyong ya bisa maklum.

Ngger sing rumangsa ya sorry bos!!! Inyong crita apa anane. moga moga ya siki wis ora kaya kuwe, ngger pancen arep ndukung reuni, ya gageyan.... nyumbang sing akeh. Aja kaya mbiyen, dodolan Rinso alias bakul umpruxs (whahahaha.... sepisan maning, sorry banget bos!! Aku crita apa anane)

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX
Waca kabeh......

DOWNLOAD SURAT EDARAN DAN ANGGARAN REUNI

Sebenere kiye file di download khusus nggo panitia karo koordinator wilayah Reuni Akbar SPK Depkes Purwokerto 2010.

Isine surat menyurat nggo edaran maring Puskesmas/rumah sakit, karo surat nggo edaran maring kanca – sedulur kabeh sing garep melu reuni.Surat kiye kena di edit, apa ditambaih, ex: no tilpun, tapi usahakan aja nganti ngrubah inti karo masud surate.

SURAT

Ngger kiye isine rencana anggaran reuni, sekang nggo konsumsi, administrasi nganti liya liyane.

ANGGARAN REUNI

Ngger wis di download terus ora bisa mbukak file ( kayane sing akeh ora bisa ). Harap menghubungi panitia langsung.
Khusus nggo sing dudu panitia utawa koordinator wilayah, bisa lewat lewat saran dan masukan (bisa klik kene). Isi sing kumplit biodatane. Trus tulis alesane kenangapa download, trus kengapa kepengin ngerti isine.

Waca kabeh......

MEMORY APA KENANGAN? part 1

Geger kabar rep pada reunian pancen dadi gawe kisruh...????
Lha masa enggane dadi kemutan sing ora-ora pas jaman gemiyen...ndina-ndina sing dipikir mung REUNIAAAAANN thok!!!!...gawean liyane ngosi kelalen...jan jan
Tapi ya ora papa, kadar anu reunian nembe arep sepisan...ya mbok.
Mulane ayuh pada diniati mangkat...

Lha, wong isine neng bathuk mung reunian thok, nyong dadi kimutan...nek ora salah gemiyen nyong nyimpen poto pas esih spk...tapi nang ndiiiii ya???? seumah tek ublek-ublek, eh...cempulek neng kerdus ngisor kompor...nlangsani pisan.
Tapi untunge urung dikrikiti tikus...
Nah...kiye poto-potone...

Dematna ngosi blawur ya...trus ngesuk ketemu neng cinta kita...eh cinta alam kowh!!

Karo mbekayu sing ayu...neng nggunung

BHURISRAWAAA...

Anggotane kamar pira ya???

Bimbingan kakang kelas...hehehehe

Nek madhang kuwe neng nggone!!!!

Sugeng pak Ilham...ngapunten nggih pak Mukha...hehehehe

Farida Nusanti karo Jaswanti...whuahahaha

Gemiyen sapa sing nyolong potoku!!!!

Jajal...waras po ora????

Kyeh! deconto...siswa siswi teladan!!!

Sirun,"Yud! sing bener nyekeline!"..Yudhi,"tanganku wis keju kyeh!!"

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by SeghAnji-18
Waca kabeh......

PRAMUKA - HAN

Jaman semono sing jenenge pramuka nyenengi banget (mnrtku ya). Bisa dolan2, ngerjani adi kelas (sory sing rumangsa dikerjani) dst. Pa maning neng spk, jenenge pramuka makmur.(udu adi makmur H). Njaluk duit sepira2 a deweih. Rep ngebon kendaraan aring baturaden ya ngonoh.

Maning sing plg berkesan pelantikan bantara karo kegiatan mencari jejak. Jan ora umum ora memper. Kon pd merayap neng beletan. Sepatuku kosi bodol. Nyebur neng kali.


Tapi bagaimanapun juga pramuka spk disegani (ora nganggo endhok)
neng daerah banyumas.

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by PROFESSOR-18
Waca kabeh......

MENDEM part1: CIU KEPARAT

Sing jeneng nang SPK, mbok umurane pas umuran ABG ( Anu Bocah Gemblung ), jere mbah Google umur – umur kuwe pas lagi pencarian jatidiri, dadi apabae dijajal.

Aku ana crita sedulur, mbiyen dina Minggu aku bali maning maring asrama, wong preine wis entong. Semenone aku ngger ora salah ketemu karo kaki kebo, kaki gundul, kaki gembel nang Margono. Mau nang ngarep wis dicritakna nek sekolah nang SPK kuwe pas umur apa – apa kepengin ngerti. Dadi inyong kepapat sepakat, jere nang Sokaraja ana inuman sing madan seger, inuman pendengan alias gepengan. Aku karo kaki kebo meluncur maring Sokaraja, liyane ngenteni nang margono. Tek ubhek – ubhek kabehan ora ketemu, nganti sikile teklok. Akhire daripada ora olih, tukune ciu.

Sebab ora nana gelas, inyong wong papat sepakat nginume nang plastik nganggo sedotan karo mlaku liwat sawah sekang Margono maring asrama. Pertama mlaku karo nyruput wedange esih padha bergas. Tapi begitu arep tekan asrama wis ora bisa mlaku dewek – dewek alias kudu rangkulan. Sing lewih bingung maning nggole laporan nagn pos satpam, ben aja nganti kewenangan lagi mendem.
Tapi lagi madan mujur, ndilalah nang pos satpam rame bocah lagi padha laporan, dadi aku karo bocahan rangkulan bae nylonong liwat ngarep pos satpam. Ndilalah ana sing komentar :”kuwe deneng rangkulan, akrab temen”. Karo sante njawab :”sing jeneng warga SPK kudu njaga kekeluargaan, dadi ngger rangkulan kuwe dadi tambah akrab”. Nggole njawab asal bae, wong ndase wis bengel banget nganti arep pecah.

Tekan kamar, saking bengele inyong langsung mlumpat maring bed alias tempat tidur, pancen lagi sial. Udu ditampani kasur empuk, tapi ditampani tembok jejer kasur. Tambah bengel banget.
Bengele bisa nganti telung dina. Bengel sebab ciu ora sepiraha. Tapi sebab ngancab tembok kuwe sing jan, seporete. Sial... sial...

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

story by BOSWALEX

Waca kabeh......

NGAPURA

Sorry boss...
Aku sering ngganggu kowe pas lagi sholat, dadi sholatmu ora khusuk. Jan jane pancen kowe ngger sholat ora tau konsentrasi.

Sorry boss...
Aku mbiyen pas lagi praktek nang Banyumas tau ngajek “gebedanmu” nonton film nang Rajawali. Tapi asli aku karo bocaeh ora ngapangapa alias “ nothing happen” tapi “ Just CM alias cumbu kecil”.

Sorry boss...
Pas mbengi mbengi kencoten aku tau glathakan maring lemarimu, trus nyimit Sarimine nggonmu siji. Tapi harap maklum, anu kencot banget.

Sorry boss...
Sepatumu tak silih tapi ora tak balekna nganti ilang. Ngger siki esih, tak gawa pas reunian, tak balekna!!

Sorry boss...
Aku tau nyomblangi kowe tapi tek “babad” dewek. Tapi aku ora tau duwe komitmen karo bocaeh, “Just want to having fun”

Sorry boss...
Mbiyen pas kowe menceng nganti turu nang kamar mandi ora tak tulungi, wis nginume double kiwi, nginume kakehen sisan. Ditambaih nggole nembak, isi se-weteng ditokna kabeh, pas kuwe jan njelehi pisan.

Sorry neng...
Aku ora bisa nerima kowe, nyatane kowe ala, keringete mambu, ababe mambu, tur gampang banget jengkel, wis kuwe ngger mangan.... uakeh banget. Inyong benjut.

Sing mangsud mring crita-crita nang nduwur, trus madan jengkel, inyonk njaluk ngapura ya sedulur, asli lair bathin.
Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX
Waca kabeh......

KECEMPLUNG KALI

Gemiyen mbuh pas ana acara apa nang nggune gundul karo elis (kayane pas mbojo lho..), kan pada nganah (rombongan kebun binatang..amit nggih).....ana akeh pisan, tapi sing gumun nggule mangkat pada numpak motor, hebat mbok...kewan pada theyeng numpak pit motor.
Nah, pas mbuh kepriwe, aku motoran karo kang warax, ipul (kemutane kuwe sih). Ndilalah kersane Gusti Pengeran ana helm siji kecemplung kali tapi esih nang pinggiran...kang warax sing kerasa dadi ksatria baja hitam pembela kebeneran karepe njimot nang pinggiran, eh...kersane Gusti Allah maning, malah kepleset mak blungh!!...lha pikirku mung cetek, jebul sedada. Jannn...aku jane melas pisan tapi ora teyeng nahan ngguyu tekan bali nggune gundul karo elis...(piss ya kang)

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Bandhot-18
Waca kabeh......

NGILER

Jamane gemiyen pas arep ujian akhir bocahan gole sinau jan sregep pisan. sing paling akeh biasane nang nggone aula. Lha kan anu kursine wis pada ditata arep nggo ujian. nah pas kuwe aku sinau bareng karo sapa ya????? (kelalen koh...), ana bocah aspine juga ( nek ra salah elis...)
Nah,jane kan anu wis pada ngantuk,anu sedurunge wis pada melek ana pirang2 ndina. Ana sijine bocah turu karo sangga uang (sing krasa ngapunten nggih), nek mung turu tok sih ra papa tapi jan disambi ngiler kowh.....ngilere maning ra tanggung2...ora nggrambyang kaya banyu, tp jan munggah mudun nuruti ambeghan...jyan!!!! aku nembe tau weruh sing kaya kuwe,antik pisan. nganti aku ora sida ngantuk gara2 ngguyu kepingkelen...piss.

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Bandhot-18

Waca kabeh......

NYOLONG IWAK

Esih kemutan wektu mesjide anyar,sebelahe mesjid ana kolam iwak karo hiasane,watu-watuan karo wit-witan..pokoke nyenengi go di deleng,pak sarman tuku iwak emas karo iwak jaer cilik-cilik sing warnane macem-macem apik banget..kemutan sapa pak sarman mbok?sing mbantu2 neng asrama,wonge gede duwur terus buthak alias sirahe langka rambute..(piz pak..)
Sewulan,rongwulan,telung wulan iwake wis gedhe-gedhe malah wis pada manak alias berkembang biak,soale akeh sing cilik-cilik banget...angger ora salah ana sing bener-bener gedhe,ana telu apa lima,kayane ana setengah kiloan...angger aku arep sholat mampir ndeleng kelakuan iwak-iwake,jan-jan semanger pokoke,pak sarman sregep ngempani karo pur ato palet,men iwake sehat karo cepet gedhe..

Pas esuk dina minggu angger ora salah,ak kaya biasanya ya nongkrong neng pinggir kolam..
ora de nyana iwake sing gedhe-gedhe pada ilang,tak goleti ujarku lagi pada umpetan neng watu-watuan,tapi ora nana babar blas..trus ana sarung ngambang neng kolam,embuh sarunge sapa warnane anger ora salah coklat...

aku takon2 karo batir2,iwake pada maring ngendi?
Ana kabar manuk sekang pak sarman jerene,pas malem minggu ana bocahan lagi nyerog/njaring iwak karo sarung..!!ualaahh iwake dicolong!! jan-jan ngisin-ngisina banget,ora berpri-kehewanan temen!!!

krungu kabar manuk maning jere sing nyerog iwake kuwe inisiale H,W,A..(angger ana sing krasa piz ya..)tapi embuh bener orane sih,sing jelas esih dadi misteri kawit siki...
trus sarunge sing nggo nyerog jere duweke si A,batir kamarku..sarunge di tinggal neng kolam,soale wedi kepergok..untunge iwake liane sing cilik-cilik ora pada klenger,soale sarunge wis telung taun kayane ora tau di kumbah!!
Mengko angger reunian pada ngaku baen,go ngurangi dosa..(pizzzz...)

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Kasno Landa

Waca kabeh......

NDARANI MALING

Anu wis biasa nek bar maghriban (nek sing biasa sembayang-red) trus pada maem. Bar maem karo leyeh2 ngisor pemean ASPA perek kamar mandi kulon, we ora mantep nek ora karo udud, cangkem rasane kecut nek urung klebon kukus. Lah lagi asik2e udud karo kanca geng, kang kadohan keton ana wong sing mereki, wong peteng sing keton mung awake sing gede duwur.
Njur ana sing ngomong " bapak asrama-bapak asrama....!! " Sakit kaget karo panike bocahan pada mlayu termasuk nyong. Dengan sigap bagai prajurit nyong mlayu maring kamar rolas, terus ethok2e turu karo de slimuti rapet. Ndilalah sing de udag koh nyong thok, trus takon kang pintu kamar karo nglogog " We sapa yah sing mlebu kamar..?!" Nyong semaur " Kula pak, Tatang...". "Oooh kowe, ya uis ra papa, mbok si maling" wonge nimbali. Jyaaann...Whuasheeemm.... uis pucet, panik, wedi setengah mati ndarani bapak asrama jebule Pak Sarman sing arep ngontrol asrama. Alhamdulillah ora di skors maning...

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Tatang-17

Waca kabeh......

PENGAWAS ANYAR NELANGSA

Jamane anyaran pengawas nang aspa jenenge pak padi apa ya (ngapunten pak)..... esuk2 wis mangkat ngajar bocahan, nek awan bali kur mung arep dahar tok.
Nah, wong anu pancen aku pada nakal2 pisan sega karo lawueh dientongna...jan mung gari termose tok (sing gemiyen melu mangan ngaku bae ya..), ora mung kuwe tok, kasure diwei ketinggi koh...babon pisan...jan anu lemu2 banget. Dadine ya ora teyeng sare...melasi banget...ngapunten nggih pak......

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...
Waca kabeh......

PENCURI

Gemiyen jamane paceklik panganan nang asrama,nek ana bocah nembe bali kang umah mesti jajane dibagi2, tapi ana koh sing pelit pisan...aja2 ngewei, njaluk be mung diesemi tok.
Nah...gemiyen aku karo si tri kae sing sering pisan nyongkel lemarine...jan pepek pisan isine kaya supermarket koh... tapi sing sering ya njimot sarimi ya tri.......he..he..(piss.....)

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by Bandhot-18

Waca kabeh......

UJIAN SEMESTER

Nek kemuthan semenane,mangsan ujian nang asrama..sing jenenge bucah asrama guli sinau kweh luarbiasa hora lumraeh,anthal unthul mesthi nggawani buku sing luarbyasa kandhele,bangsa buku anatomi (ra kethang potokopiyan,maring dapur,aula..lokal,pojokan asrama. Kosi sing Jenenge WOWO...ngising be sangu buku!! jere nang WC malah gelis mlebu pelajaraneh ( padahal lg ngethokna...barang mambuwh?)
Ana maning sing mangsan ujian mesti sangu doping,mulai kang Vitamin C dusis tinggi,Rokok maraihboros,sarimi sing kosi dus dusan ( pada urunan guli tuku)malah ana sing sedia Jamu ESHA (mbok nu uee jamu kuat lelaki..?) surry JO..dopingmu teksebut..whuahahahahaha.WC sing hora dienggo be disulap dadi Losmen Klas Melati 5 (whuahahah..suryy JORDAN KNIGHT !) pokoke ra lumrah polaeh,demi ulih nilai sing apik.

Lhaaa..pass ujian smester loro,,,aku esih kemuthan kweh,semenane Si WOWO njaluks warah soal numer 30 jere angel pisan..!(njagong mburiku presiss!!)krasak krisik jere gari siji tok uee...sing rung disi, aku melas bangeth jane kweh..ewondene' bucah ngantukan kow ngasih kurang turu guli sinau...jiannh, priwe guli maraih..jahh,sing ngawasi be Bu Welaz (galak banget kweh !!)

trus aku nduweni ide,,,mumpung aku khan lg pilek(kurang turu sih..sinauuu gitu loh)sing jenenge (maaf)UPHIL kwe ngadugh ra kurang kurang...aku aweh coretan secewil,monine " WO..jawabanku setibane barang sing tek balangna jyahh...mulane soal dijembreng ueehh "...trus Upil sing wis tek blindhi blindi mau tek balangna...wuuuuusss..tepleks...!!nempleks neng soale WOWO,ndilalah pass nang no.30 pas neng jawaban C,,Kaget ra lumrah campur jijih...tapi koh kober kobere takon karo krisikan.."Thonk..jawabane C jah??" aku manthuks karo metu ruangan(dasare wis rampung nggonku si..)barang nang njaba...aku ngakak nthong bresih...!!ngasih domeih nang bu Welaz,jere Brisik!!!owallah WO..WO..ko mesti ra precaya jawabanku juga C...!aku wes sinau kosi esuk,takon NARJO si..whuahahahahahahaha

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...
Story by G-THONK-16
Waca kabeh......

RONDA ASRAMA

Wis akeh lapuran,akeh kumbahan aspi cok pada ilang..khususe barang jeroane wong wadon, nguri -nguri masalah mau Pak Ilham nduweni Program Rondha bersama...petugas jaga malem plus bocah aspa (ngerti mboks artine aspa..gething nyong kon njelasna!...malem jemuwah wage kuwe..aku, Jontorh (cah Banjar) trus Leonarjo Guplo(cah mrebet) pokoke bocah sanga ( 9 ) petugas pikete kaki Sarman, karo sayidi (ndean..mandan klalenh si...)trus jono.

Sewengi mider -mider nang aspa, dapur, aula..r uang guru... lah meng aspine kapan?mbatinku, soale semonone aku lagI kasmaran karo Bocah banjarnegara, ndilalah kamare aku mandan ra apal, khan ngiras irus..ronda, sisan nglongok kayangapa ngger nganggo daster..hihihihihi, singkat cerita.. bocah sanga, wes ra kanthi...pada pating mbesasat ngincer kamare gacoane dewek dewek, gilirane nyong, Guplo trus Wartim...kembang tembeleks nu guli njukut ngarepan ruang guru karo kertas sewekan sepetit sing isine puwisi, niate rep tek balangna liwat bolongan nduwur jendela.... ngintip turut siji kamar, butul pojokan kayane..kieh ndean tim... omongku karo Wartim...trus cah telu punggi punggian(aku nduwur dewek kweh!) kembang karo puwisi-ne tek balangna...beerrr,k lothaks!! trus ana sing nyuwara...SAPA kuweh!! (rep semaur kuchiiing..mbok ra nggandel )aku spontan semaur WARTIIIM,,,Wartim kesuh ra lumrah melu nyaut DAKRIE jukuns...sing hora lumrah tuli si narjo malah ngomong apa anane..KIE GATOT, AMIR trus JONTOR JUKUNZ..!! (diamputhss kae bocah mbantinku) kamar kue jebule kamare mbekayu kelas sing pada cindungan rapeth...!! mulane sih sejen suarane... wengi kue ASPI geger moerrr... jere ana maling mlebu aspi, bocah sanga ngeciputh.. mlayu nggoleth slamet dewek-dewek... whuahahahaha niat rundha malah darani Malinge sisan....!! ngesuke...metu berita "PANITIA SEMBILAN PELOPOR MLUMPAT TEMBOKS ASRAMA PUTRI" ...whuahahahaha, ngesukeh... ronda hora danakna maning!! Kawuss.

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by G-THONK-16
Waca kabeh......

THANK'S PAK KYAI

Sing jeneng nang SPK kuwe ora gur diwaraih masalah kesehatan thok. Termasuk pelajaran masalah agama juga diwaraih. Pengajian rutin ora tau lat mesti dianakna. Kyaine ora baen-baen ngundang sekang Depag Kabupaten Banyumas. Lha kuwe salah siji sing dadi favorite inyong urip nang SPK. Inyong sing maune urung ngerti Alif bengkong acan, ya semending mending dadi bisa maca Qur’an.

Salah siji sing dadi favorite inyong, jenenge Kyai Muhibin Lc. (asli Lulusan Cairo). Ora ketang lagi madan rumab, ngger pengajiane diisi nang kyai Muhibin, inyong mesti mangkat. Malah biasane melu njemput maring umaeh mbarangan. Nek ora salah umaeh nang Bancarkembar.

Mbiyen Kyai Muhibin kuwe ana sing antik, pokoke ngger lagi mulang ngaji wedange kudu Indocafe caffemic. Pokoke ngger ora medang caffemic suka ora medang apa-apa sisan.

Mbiyen salah siji wulangan sing inyong kemutan kemutan nganti siki, ngger wong lanang nganggo kathok kuwe kudu senduwure entho-entho utawa mata kaki. Jan-jane apik banget kuwe, nggo njaga kebersihan kathok.

Kuwe sing dadi inspirasine inyong nganti siki. Siki aku sing sering ngger medang ya nganggo Indocafe caffemic. Ben gayane kaya Kyai. Trus ngger lagi nyruput kopine biasane aku ya terus kemutan niliki entho-enthone keton apa ora.

Seora-orane senajan aku ilmune urung kaya kyai tapi gayane kan wis kaya kyai, medang indocafe, jenggote dawane rongsenti. Ngger lagi medang trus niliki kathok, sesuai syariah apa ora. Sapa ngerti jalaran kemutan niliki kathok terus kemutan liyane, kemutan sholat, kemutan sodaqoh... ya mbok sedulur.

Lha lewat tulisan kiye aku juga kirim salam kanggo kanca – kanca seperjuangan pas pengajian nang SPK mbiyen... WHAT’S UP BRO??

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX
Waca kabeh......

AYAM BAKAR...

Pas sore sore ana ayam mlebu asrama. Dasar bocah asrama... ayam mau banjur digibang2 terus dicekel. gari bingung arep disimpen nang endi??? Eh ndilalah nang dapur ana kulkas bekas.....trus ayame dilebokna kulkas. untunge ayame ra mati????
pas mbengi-mbengi ayam kuwe banjur disembeleh nang nduwur wc. men getieh ra mambrah2. trus wulune diwadhaih tas kresek dibalangna tempat sampah... Berhubung langka suluh kepeksane njukut ngisoran bed nggo mbakar.... akhire padha lek2an sambil makan ayam bakar ...sedap..sedap..sedap...

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by WAR
Waca kabeh......

BERTAHAN HIDUP

Jaman gemiyen urip neng asrama jarene rekasa banget...arep kaya kiye ora ulih, arep kaya kuwe ora ulih, lunga metu be dibatesi jam semene kudu wis ngandang...
Nganti urusan mangan melu dibatesi...wis mung sethitik thok, kaya kuwe kadang isih kon ngrasakna jangan kangkung rasa pentil...mangsude nek de'cokot wuled.

Siale maning...
ngger pas lagi praktek dines sore, bali sekang margono wis kesel karo kencot, tekan asrama mung ana sega lawuh iwak sapi sethemil karo krupuk mlempem tambah jangan bening dudueh thok...ngenes pisan...
Tapi wong nek urip neng asrama kudu nduwe jiwa kewan (asrama=kebon binatang), ngger lagi kepepet masalah mangan trus kaya kewan mbladas-mbladas...jan jan...

Ana sing ngemet gandul terus digodog, mlumpat pager lunga maring warung, gerilya sarimi neng lemari dikremus dadi siji neng termos trus padha rayahan, nggoreng sega lewihan bumbune mung uyah thok, nggasak iwak nang sebelah'e mr.sarman, ngembat ayam dhuweke gurune trus dibakar...pokoke ana bae polah'e nggo nuruti cacing neng njero weteng nek lagi kemruyuk...

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by ANT-G
Waca kabeh......

PPS part 1: DIBENCI TAPI DIKENANG

Kebangetan banget...
Wong genah lagi musim udan, lemaeh be.. nganti benyek banget, jenggot prentah inyong kon nyirami wit boled sing nang ngarep kamar. Sing lewih kebangetan maning, nyiramine ngger mbengi, Adzan Shubuh kudu wis rampung.

Kebangetan banget...
Ngger mangan kudu nang ruang makan, jere kudu sesuai teori, ngger ngeplok sega kudu dikruyuk ping 30. Nganti cangkeme meniren, seplokan urung rampung nggole ngruyuk.
Kebangetan banget...
Jere kudu wajib kenal karo kakang kelas, tapi ngger arep kenalan dikerjani disit, ana kon nyapu, kon gepel, kon mijeti nganti ana sing kon ndikepi lemud aja nganti mati lemude.

Kebangetan banget...
Ngger wegi lagi latihan upacara, jan... nggole nggentak – nggentak sekarepe dewek. Malah nganti ana sing digentak semaput. Kuwe anu kaget apa ora tahan mambu ababe sing nggentak?

Kebangetan banget...
Ngger esuk – esuk pas pelajaran, sing akeh mesti padha ngleder turu, malah nganti ana sing ngiler. Sebab wengine wis dikerjani kakang kelase nganti ora bisa turu.

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX
Waca kabeh......

GEMBOK KAMAR MANDI

Pak Padi, pengawas asrama anyar, wonge jan sopane polll....!!! gelem mlayu mlayu nang lapangan basket karo bocahan (sebab anu disindiri terus nang bocahan)

Nyatane wong pengawas asrama, kamar mandine ya... bebeh barengan karo bocahan. Maksude tuku gembok, nggo nggembok kamar mandi siji, kon aja bareng karo bocahan.

Akhire bocahan madan murina/jengkel salah siji kamar mandine digembok. Nyatane ngger esuk kamar mandine ngantrine polll...!!! apamaning genah kaya Gonyez ngger adus suwe banget. Gembel senajan ora tau adus, gur raup thok, tapi ngger ngising kaya ngising watu, ora kena nggo gentenan (Sorry bos, aja kesinggung).

Tapi bocahan ana bae akale... Esuk – esuk pak Padi raine madan abang, gipyak maring kamar mandi. Keblethengen ndean... tapi bareng tekan kamar mandi, kamar mandine ora bisa dibukak. Jebulane gembok kamar mandine ana sing ndobeli. Siji bisa dibukak sebab gemboke dewek, sing siji ora bisa dibukak wong gemboke mbuh sapa. Raine dadi tambah abang ketambahan jengkel. (Ngapunten pak Padi niki crita nopo wontene)

Kasus maning... kasus maning, nganti arep mangkat Margono dikumpulnya disit kon nginum banyu jere kang dukun, kon pelakune ngaku.

Ben bae kasus kuwe dadi misteri nganti siki! Ora usah diungkap nggo kenangan, sebab ngger diungkap ngko bisa heboh ngungkuli kasus Ariel karo Luna Maya he.. he..

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX
Waca kabeh......

KEBON BINATANG

Wektu kuwe jere arep ana kunjungan sekang Kanwil Semarang. Dadi bocahan kon padha bersih – bersih kone pengawas asrama sing wektu kuwe esih anyar.

Pengawas asramane nek ora salah jenenge bu Ruti karo bu Wiji kuwe “Visit” maring asrama bocah lanang nggo ngontrol kesiapan, sebab kiye kunjungan wong penting.

Kamar lanang jeneng kamare nganggo angka 1 tekan 13. Kabeh kamar dicek nang pengawas asrama.
Bareng dicek, pengawas asrama komentar karo madan jengkel : ”Kiye asrama apa kebon binatang?”. Senajan tersinggung bocahan padha meneng bae wong nyatane kamare pating besasat morak marik ora nggenah.

Bareng esuke pas kunjungan sekang Kanwil, gari Pegawai kanwile sing jengkel. Jere kudu digolet sapa provokator. Pegawai kanwil jengkel sebab jeneng kamare diganti udu nganggo angka tapi nganggo jeneng: kandang macan, kandang singa lan sebanjure. Persis kaya kebon binatang.

Kaya kuwe bocahan sing salah...??? ya mbuh... sing jelas akhire pengawas asrama gelem njaluk ngapura mring bocahan. (Ngapunten bu Ruti, bu Wiji niki crita nopo wontene)

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenag masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX 
Waca kabeh......

UPACARA BENDERA

Wis mangkate telat, ora sempat adus alias raup thok. Esih kudu upacara bendera senenan maning. Trus Jenderal alias Inspektur Upacarane pak Ilham sisan, jan bener – bener sial...

Lewih sial maning bareng tekan lapangan upacara, barise bareng karo bangsa kewan. Ana Kebo, Warak, Bandot, Gembel, lan liya iyane (Sorry bos, aja kesinggung).

Tapi pancen wis dadi kewajiban, ya.. tetep kudu melu upacara bae. Wong dasare wis lagi males, dadi nggole melu upacara ora konsentrasi, alias gurisan dewek. Apamaning barise karo bangsa kewan, jan... ana bae sing usil, nganti blas koas ora krungu wejangan pak Ilham dong pas lagi amanat Inspektur Upacara.
Nganti terakhir amanat, nembe bocahan sing padha gurisan kaget, sebab diomongi nang pak Ilham ngger bubar upacara kon aja lunga disit.

Ujarku arep diwei duit (ora mungkin...!!!!), bubar upacara bocahan sing diomongi pak Ilham pada maring tengah lapangan. Jebulane malah diukum kon nembang lagu “Padamu Negeri”.

Jan mbuh ngimpi apa inyong sewengi deneng sial temen....

Ora ketang pating blekhatit ya tetep nyanyi bae, dirijene kaki Warak. Ditonton bocah sesekolahan, pancen... pancen... bocah SPK.

Ngger kemutan hal – hal sing kaya kuwe, inyong dadi kepengin kumpul bareng karo bocahan. Moga moga lantaran REUNI AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010, inyong bisa ketemu maning karo bala lawas nggo dhopokan “mengenang masa lalu”. Rika padha semeno uga mbok... sedulur...

Story by BOSWALEX 
Waca kabeh......

SUARA KITA

Beritane nek arep ana reuni wis tersebar luas...jere nganti tekan luar negeri...kaya beritane ariel jyah...
Sing dadi panitia ya wis padha koar-koar nganti telake garing ndean...
Jebul nang Facebook ya wis ana grup-e...nek arep join nang kene...

Sing nang fesbuk ya akeh sing padha nyuwara...ana sing ngabari, komentar, usul, mbayangna ngesuk nek padha ketemu...jan akeh pisan...
Nah, kiye omongane:

panitia ini bersifat sukarela,mas..mba,kontribusi sekian berlaku jg utk panitia,modal kami hanya rasa,rasa kangen yg luar biasa dengan kanca...jika mahal menjadi acuan,barangkali rasa kangen ini tidak layak "terbeli",e.o hnya membantu kami(panitia) agar kami bisa menikmati Rasa kangen ini....
(Gatot Soenarno)

oalah mas....mas wong duit arep go bayar reuni koh malah inkaso obat,ra mengini blasss.............
(Tri Setiyawati)

mulai siki aku niat priatin bot bote pgn ktmu kanca,nabung turut 4ewu, go byar reuni.nek kepaksa kurang ya meng KOSIPA
(Herianto)

"TUKU BIHUN KARO MAKARONI,TIBA NENG NDALAN TRUS WUTAH,,,NIAT INGSUN MELU REUNI,MOGA2 DADI BERKAH"
(Anji Muda Permana)

Iksapallas ndkung 200 % reuni kyeh.. Kapan bs ktemu kanca nek ora di sempat2na.. Ayo smangadhhh..
(Iksapallas Server)

bakalan rame pisan kuweh...
(Tri Kurniawan)

Ujarku mbiyen aku dong skolah sregep2 ka ya..,ra tau mbolos,minggat,ngrokok,pa maning mendem&pacaran..masa ngrti2 mlbu rangking cah mbadung.,(versi cah kemranjen) wehwehweh...pdhal ak mbyen rajin ngaji,solat,adzan ng msjid asrama..,wng amin ghonigofur tk kn nabuh bedug ak sg adzan.,apa pda klalen nggane ya..
(Mamat Setiawan)

Ya nyatane nggolet kethip siki angel, kabeh kabeh padha njagani tumbune dewek dewek aja ngasi njomplang, tapi ngger caraku, seduluran kuwe ora bisa dibandingna karo kethip
(Awal Budi Santosa)

lagi reuni kecl spk,mbhs reuni besar 6 angkatan terakhr..ternyata dah lma dah lupa wjhnya n ada yg bru ktmu..pa lgi bsk 6 angkatan,temen2 ktggu partisipasinya dtg ya,angkatan 20,21 sapa yg koordinir?
(Sumarni)

reuni....???hmmm ngesuk ktm sapa bae yach.....
(Elly Susanti)

duit gampang digolet. persahabatan susah dibayar dg rupiah/ dolar/euro/dll. nek niat pengen panjang umur, ya silaturahmi...
(Rakhmayanto)

Usul bwt panitia reuni, primen nek tiap alumni disurati meng alamat sing nang album kenangan, men resmi lah, lagian pas lebaran rata2 bali maring asal wong tuane...
(Soegy)

setuju aku mas...,mdh2n ak bs hdr, nek ga ya insyaalloh ttp partisipasi iuran....
(Tri Karsiti)

Anu akeh banget...nek tek tulis kabeh ngko nyong ora bisa ngeloni bojo...dadine ya mung semono thok...
Moga-moga omongane kanca-kanca kuwe bisa dadi penyemangat nggo melu reunian...
Wis dhisit ya...ngemben ketemu nang Baturaden...

Story by ANT-G
Waca kabeh......

DASAR PERHITUNGAN BIAYA

Kiye mung sekedar ngelingna kanca-kanca kabeh...

Pas padha rembugan wingi, wis diputusna biayane 250 ewu...ya mbok!
Mestine kan padha bingung duit kuwe go ngapa bae...wong anu mandan akeh.
Ngger go tuku bawang brambang be bisa tekan karo tengah taun....???????????

Nah, wong anu wingi rembugane sisan ngundang EO-ne...nek ora salah jenenge Bu Siti apa Sri...madan kelalen...
duit semono (250ewu) nggo mbayar EO, sewa panggonan, mangan sekeluarga (suami istri+anak 2), gawe undangan, publikasi (foto kenangan), terus karo souvenir...

Dadi kaya kuwe...jan jane ya nek diitung-itung ora kelarangen...
Wong kan "Dari Kita, Oleh Kita, Untuk Kita"...oke, gan!!!!
Waca kabeh......

CARA MENDAFTAR

Nyatane sing padha esih ngode, nggo prei kan esih angel. pikirene jelas preine ngko Bada sisan, sisan gawe karo reuni. Lha jelas ngger sing nang paran madan bingung, kepriwe carane nggole ndaftar reuni. Ora usah bingung sedulur!!! kiye tak tulis pirang pirang carane ndaftar, ora kudu teka langsung mring umaeh skretariat apa koaardinatot wilayah. Ngger sing arep ndaftar bisa ngganggo pirang pirang dalane:
Langsung ndaftar maring panitia apa maring koordinator wilayah trus aweh duite langsung gludhag.
Ndaftar liwat kene (klik nang kene) trus duwite ditransfer liwat bank ya bisa
Pendaftaran paling telat (karo setor duit) tanggal 30 Agustus 2010. Aja nganti kelalen.
Pendaftaran maring koordinator wilayah bisa kolektif, aliyas wong pira, gabrug sisan.
Pendaftaran ora kudu maring koordinator wilayaeh masing-masing. Ngger sing nang daeraeh ora nana koordinator wilayaeh, ya nggabung liyane.
Sepisan maning, biaya sing tercantum nang keterangan kuwe biaya minimal. lewih akeh lewih maen.
Ngger ana sing usul tulis nang (kolom saran)
Waca kabeh......

RENCANA PENYELENGGARAAN

Bareng wis digodok karo diublek-ublek nang panitia, kiye ditulis hal hal sing madan plenthing... eh maksude penting :
  • Rencana penyelenggaraan :
Reuni SPK AKBAR SPK DEPKES PURWOKERTO TAHUN 2010 diselenggarakna nang Panitia sing wis digawe karo njaluk tulung Event Organiser. Artine event organisir mbuh apa, sing penting tulis bae. Jere artine tukang sing wis pinter mbaranggawekna wong.
  • Target Peserta :
Jan jane target peserta kuwe kabeh Alumni SPK Depkes Purwokerto Angakatan 16 tekan 21, tapi mbok seliyane kuwe ana sing arep gabung, bisa bisa bae, gari tulis nang kolom saran ( klik kene)
  • Dina karo tempat :
Rencanane dinane bar Bada, dina Senin Wage tanggal 13 September 2010. Dina kuwe ora ndadak takon dina sing apik maring dukun, sing penting diusahakan sedulur kabeh esih padha prei Bada. Ngger ana sing ora setuju bisa tulis nang halaman saran.
Nggone rencanane nang Rumah Makan “Cinta Alam” Baturaden. Ngger sing wis biasa triping nang “Puri” kudune ngerti. Jere nang kono ana dolanan bocaeh, bisa numpak kuda poni, bisa mabur kaya bajing, alias Flying Fox trus akeh maning liyane. Tapi ma’ap bae ngger arep dolanan nang kono bayar dewek, tapi ana discount khusus. Ngger sing esih urung mudeng, ngesuk ngesuk tak gambar denaeh.
  • Tema :
Temane urung sempat kepikiran, ngger sing Duwe ide gari tulis bae nang kolom saran.
  • Biayane :
Biaya nggo pendaftaran wong siji minimal Rp.250.000,-. Kuwe wis nggo akomodasi sekeluarga, ples nggo biaya operasional panitia. Sing penting aja se-RT digawa kabeh, melas panitiane. Bayar lewih akeh lewih apik, kadar nggo sedulure dewek kabeh ikih. Nggo tehnis pendaftaran karo pembiayaan Klik nang kene.
  • Acarane :
Susunan acarane ngko tak tulis nyusul ngger wis cedhek wektune, sing jelas ngko ana band, trus sulap nggo putra putrine rika, trus pokoke akeh. Ngger arep ana sing nyumbang nggo ngisi acara bisa disampaikna lewat (kolom saran)
Waca kabeh......

SUSUNAN PANITIA

Sing jeneng arep mbarang gawe, alias sembarang digawe, mbok butuh wong sing kon ngrewangi. Ya glidig, megari, tukang ider undangan trus sekabehane.
Kiye tak tulis maning susunan panitia berdasar kang pertemuan tanggal 20 Juni 2010 :

SUSUNAN PANITIA REUNI AKBAR
SPK DEPKES PURWOKERTO
TAHUN 2010 

Koordinator Utama               : Gatot soenarno Angkatan 16 HP.081548808656
Sekertaris                              : Awal Budhi Santosa Angkatan 19 HP.02817628804
Bendahara                             : Tri Setiyawati Angkatan 16 HP.081391244971

Koordinator Wilayah
  • Korwil Cilacap : Tri Kurniawan Angkatan 18 HP.081328733025
  • Korwil Banyumas : Ujiarti Angkatan 17 HP.08132681111, Tri Setiyawati Angkatan 16 HP.081391244971
  • Korwil Kebumen : Anji Muda Permana Angkatan 18 HP.081391627621
  • Korwil Purbalingga : Waryanto Angkatan 18 HP.085726551855
  • Korwil Banjarnegara : Mamat Setiawan Angkatan 18 HP.081328794527
  • Korwil Jabodetabek : Sugiyo Angkatan 19

Tambahan :
Ngger ana tambahan koordinator wilayah tulung hubungi panitia, nggeeeh...
Waca kabeh......

IDE DASAR

Kawit mbiyen bar lulusan kayane mung siji loro kanca asrama sing esih bisa bareng runtang runtung nganti siki. Tapi sing akeh ya padha ting mbesasat mring ngendi ora. Ana sing ngoyok oyok karir karo pendidikan. Ana sing ngoleti duwit bae. Ana sing sibuk ngincer anake bupatine nggo dibojo. Ya... mbuh bupati ngendi, bupati kethoprak ndean.

Kuwe kabeh mau sah sah bae wong nyatane nggo masa depan. Nggo sangu anak putu kon aja pada nganti kapiran, aja nganti kalah karo kanca batir, ben aja isin. Jere cukup rama biyunge bae sing ndase nggo sikil, sikile nggo ndas bot-bote nggo ngempani keluarga.

Lha sekang dasar kuwe kayane perlu dianakna reuni nggo ngenang masa masa “kemlithakan” nang asrama mbiyen. Ben kabeh sing pada mider kenger mbuh nggoleti apa bisa pada ketemuan maning, gurisan maning, dhopokan maning. Sing penting aja pada jotosan karo aja ijolan bojo.

Nganggo sarana reunian kiye juga padha bisa tuker pengalaman, tuker kepintaran karo mbok bisa juga tuker informasi masalah pegawean, masalah kepriwe carane gawe anak juga bisa. Pokoke sedingah dingaeh rika.

Mulane mangga sedulur kabeh, melu nyengkuyung anane reunian kiye. Basa indonesiane ya berpartisipasi. Padha teka ngajek anak bojo. Mbok padha dene kangen???

Tapi welinge panitia, Ongko ngger pada teka mring reunian ya aja padha naik-nyekan, terutama sing masalah pribadi. Sing wis dadi wong ya aja gemagus, sing esih dadi lutung ya aja minder. Kabeh kuwe sedulur, wong mbiyen tau urip bareng nang asrama mbok? Setuju ora?
Waca kabeh......

Pertemuan Persiapan Reuni

Sodara...kiye pas tanggal 20 Juni 2010 nang umahe kancane dhewek si Diah angkatan 18...tepatnya neng Karang Nanas...para pentholan tiap angkatan padha rembugan.

Hasile kaya kiye...
  • Tanggal hari pelaksanaan'e...,Tgl 13 September 2010...aja kelelen ya...
  • Tempate nang Cinta Alam Baturaden
  • Temane...
Susunan Panitiane...eh koordinator ding...
  • Koordinator Utama         : Gatot soenarno Angkatan 16 HP.081548808656
  • Sekertaris                         : Awal Budhi Sentosa Angkatan 19 HP.02817628804
  • Bendahara                       : Tri Setiyawati Angkatan 16 HP.081391244971
  • Korwil Cilacap                 : Tri Kurniawan Angkatan 18 HP.081328733025
  • Korwil Banyumas           : Ujiarti Angkatan 17 HP.081326811116
                                                          Tri Setiyawati Angkatan 16 HP.081391244971
  • Korwil Kebumen            : Anji Muda Permana Angkatan 18 HP.081391627621
  • Korwil Purbalingga       : Waryanto Angkatan 18 HP.085726551855
  • Korwil Banjarnegara    : Mamat Setiawan Angkatan 18 HP.081328794527
  • Kontribusi Peserta....Rp.250.000...plus keluarga

Sementara mung kiye thok...
Waca kabeh......